Matoh! Sawijine mahasiswa Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa kasil antuk juwara loro klompok ing adicara “Lomba Menari Tari Lencir Kuning Se-Kabupaten Tuban”. Kenya kuwi ora liya ya Ropi’ah saka kelas 2018 C kang asli Tuban. Ropi’ah dadi salah siji warga ing klompok tari “Widuri” kang kasil antuk juwara loro kasebut. Ana patang anggota sajroning klompok kasebut. Ketepakan, Ropi’ah uga ngrangkep dadi pelatihe.
Lomba Menari Tari Lencir Kuning digelar dening BEM Universitas PGRI Ronggolawe Tuban. Lomba kasebut digelar kanggo mengeti dina kamardikan Republik Indonesia kang kaping 75. Lomba digelar ing tanggal 1 – 7September 2020 kanthi daring.
Ropi’ah ngandharake yen dheweke lan kanca-kancane melu lomba kasebut kanggo ngisi kalodhangan wektu ing mangsa pandhemi. Luwih becik dheweke melu lomba kasebut tinimbang aneng omah ora ana kegiyatan. Kuliyah uga lagi prei. “Sapa ngerti rejeki,” kandhane Ropi’ah.
Ropi’ah uga ngandharake, anggone latihan bebarengan sasuwene telung dina ing tanggal 2 – 4 September. Banjur, ing tanggal 5 September digawe rekaman video. Papan anggone rekaman video kasebut ing Pantai Boom Tuban. Tanggal 6 September video diunggahake ing Instagram. Wara-wara pemenang lomba iki diweruhi ing tanggal 15 September 2020.
Ora mung kuwi wae, ing wulan Juni dheweke uga kasil dadi juwara loro lomba paes. Lomba iki digelar dening Ambasador Jafra Indonesia tanggal 6-7 Juni 2020. Manut critane, dheweke melu kursus kelas paes bareng karo pasarta sa Indonesia. Sawise kuwi kabeh pasarta ditandhingake kanggo nuduhake trampil lan prigele maes.
Senadyan dudu mahasiswa Tata Rias lan Sendratari, nyatane dheweke bisa nggayuh prestasi. Trampile nari uga dilatih lan digembleng nalika kegiatan pentas ing prodhi Pendidikan Basa lan Sastra Jawa. Kaya sing wis diweruhi, pentas rutin ing kampus kuwi kaya ta kethoprak, lodrug, lan karawitan. Dheweke kerep nari lan maesi paraga ing pentas kasebut. (ris18)
Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah
Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa
Gedung T1 Lantai 1, Universitas Negeri Surabaya
Kampus UNESA Lidah Wetan Surabaya 60213
Telp/Fax : -
Website : http://jawa.fbs.unesa.id Email : info@jawa.fbs.unesa.id